Minggu, 13 November 2011

Contoh Pidato Bahasa Jawa

PIDATO WALIMATUL KHITAN

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى قد قال فى كتا به الكريم : ثُمَّ اَوْحَيْنَا اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرَاهِيْمَ حَنِيْفًا. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحمَّدٍ النَّبِيِّ الْمُصْطَفَى وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ الصِّدْقِ وَالْوَ فِى ا مّا بعد
Dumateng  hadirin undangan walimatul khitan engkang di mulya aken allah .

Hadirin  sedoyo ingkang kawulo hormati !

Mengawali pepangehan kulo lan panjenegan sedoyo Sumonggo kawulo derek’aken,sareng sareng nglahiraken raos puja lan puji syukur dateng ngarsanipun Gusti Allah SWT kanthi ucapan alhamdulillah. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat lan taufiq soho hidayah dumateng kito. Dene punopo wonten ing kesempatan meniko kito saget rawuh wonten ing puniko majelis dalam rangka Jabatud Da’wah, utawi ngrawuhi dateng undangan dateng walimatul khitan, mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo, kalian Allah dipun catet minongko dados amal sholeh kulo dalah panjenegan sedoyo ingkang rawuh amin-amin ya robbal alamin.

Ingkang kaping kalih, mugi-mugiho salam bahagia Allah, lan rahmatipun, tansah kalimpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW sebagai Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang bade paring syafa’at dateng sedoyo umat benjang wonten ing dinten qiamat mboten pandang sugih utawi mlarat. Mboten pandang rakyat utawi pejabat, selagi umat puniko taksih purun nindaaken syariat, tegesipun taksih purun to’at lan boten purun ngelampahi maksiat.
Ingkang kaping tigonipun kawulo matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo gunakaken ingkang sak sahe-sahenipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Nindaaken khitan utawi sunat meniko derek tindak lampanipun Nabi Ibrahim as ingkang wonten sejarahipun Nabi Ibrahim nindaaken khitan meniko sampun yuswo 80 tahun. Lan jenggote kaleh brengosipun sampun dowo. Tur wonten zaman semanten, dereng wontek calak utawi dokter ingkang tukang nyunat. Dados dipun sunat piyambak !? Mungkin bapak-bapak utawi ibu-ibu timbul pertanyaan. Lhoooo! Menopo Nabi Ibrahim puniko tiyangipun wedi pemes, utawi wedi lading kok sampek umur 80 tahun lagek sunat ?
Nabi Ibrahim puniko sanes tiyang jerih utawi tiyang weden. Shoho sanes tiyang wedi pemes utawi lading. Tapi pancen wontenipun printah sunat utawi khitan meniko inggih sampun umur 80 tahun niku. Dados asal-usulipun sunat puniko awit zamanipun Nabi Ibrahim. Lajeng Alloh SWT paring wahyu dateng kanjeng Nabi supados derek agaminipun Nabi Ibrahim.

Poro hadirin ingkang kawulo hormat !
fungsinipun utawi faedahipun khitan meniko katah ing antawisipun : No. 1 Dipandang saking segi agama, khitan meniko saget ngilangi najis utawi kotoran ingkang kentung wonteng pucukipun zakar/kucur utawi kepala penis. Padahal ngilangi najis puniko dados syarat absyahipun sholat. Lhoooo sholat gangsal wekdal meniko wajib. Pramilo menurut qo’idah ushul fiqh :
كُلُّ مَا يُتَوَ صَّلُ بِهِ إِلَى الْوَاجِبْ فَهُوَ وَا جِبٌ
Artosipun :
Sakabehe perkoro sing digawe lantaran maring nindakne perkara wajib meniko hukume wajib
Pramilo ngilangi najis utawi kotoran wonten pucukipun zakar utawi kucur/helm puniko wajib. Sebab andadosaken absahipun sholat. Dene kaidah ingkang No. II inggih puniko : Dipandang sangking segi kesehatan dokter khitan puniko saget ngilangi penyakit-penyakit ingkang timbul sangking pucukipun zakar utawi kucur.
Dados mekatenlah pentingipun khitan utawi sunat. Pramilo kangge akhir kata kulo monggo bapak poro ibu menawi kagungan putro dereng dipun khitanaken, enggal mawon dipun khitani. Kranten hubunganipun meniko dateng masalah ibadah.

Kintenipun cekap semanten atur kulo

Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetepa dadi sedulur

Masang pulut ing duwur cemoro
Menawi luput nyuwun ngapuro
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

2 komentar: